Ana ngendi bae papan ing bebrayan iki mesthi ora bisa uwal saka bab kang sinebut tujuan utawa kapentingan. Warsa 2019 bakal ana pahargyan gedhe kanggo milih pangarsane, lan para milenial uga kalebu ing antarane kapentingan kuwi. Maneka strategi digawe dening calon pangarsa kanggo ngrebut suara 60.345.070 utawa 40% miturut Komisi Pemilihan Umum (KPU).
Rebut strategi ing media internet dadi salah sijine sarana, awit generasi milenial (utawa sebutan kanggo para mudha lan taruna kang urip ing jaman kang sarwa melek ing teknologi) iki pancen ora bisa uwal teka media sosial. Generasi kang dianggep paket komplit ing bebrayan iki, disawang minangka generasi kang dhasare bisa milih kanthi adil lan rasional manut apa kang miturute becik sarta trep kanggo panguripan tembe. Awit, lewat media kang asring digunakake uga, biasane akih milenial kang dadi motor kanggo nyuarakake panemu sahingga bisa ngudang suara ing generasi saumurane.
Banjur, bab-bab kuwi mau kang jebul gawe milenial dadi punjering pasawangan lan target utama pangarsa politik ing jagading maya. Apa maneh generasi iki dianggep luwih akih nindhakake kagiyatan padintenan ing jagating maya sing banget kebak informasi. Akih uga milenial kang wus dadekake media sosial minangka papan kanggo makarya. Dadi, media sosial pancen wis kaya omah kanggo para kalangan kang dianggep luwih gampang dijupuk kawigatene iki.
Amarga media pancen tegal (lahan) suara kang banget gedhe lan nguntungake, mangka para calon pangarsa bakal nyiapake gambaran kang apik lan trep supaya dipilih. Ukuran calon pangarsa kang dikenal dening pamilih, kuwi gumanthung saka akih lan sithike respon milenial kang nyengkuyung. Nanging yen langkahe ora kabeneran, ing jagading media becik lan eleke calon pangarsa kuwi bakal kaudhar.
Nadyan ing tahun-tahun sadurunge nom-noman luwih akih dianggep ora duweni rasa seneng marang bab politik, nanging kasunyatane malah sawalikke. Suara milenial luwih diutamakake katimbang kalangan liyane. Kasunyatan kuwi, disengkuyung dening panaliten Harris (2013) kang ngandharake yen generasi mudha minangka kelompok kang dianggep paling preduli marang manekawarna isu politik. Asiling panaliten EACEA (2013) ing pitung negara Eropa uga njlentrehake yen generasi mudha milenial luwih bisa ngandharake panemu, pamikiran, lan minat marang politik kang kepingin digatekake sarta dirungokake.
Sahingga, cara kang dipilih milenia kanggo nyengkuyung politik wis ora nganggo model lawas kang butuhake wektu suwi lan ora nemu panerangan maneh. Cara nyengkuyung kang dianggep apik lan cepet ora liya pancen balik ing internet lan media sosiale dhewe-dhewe. Kadang, milenial bakal blaka, spontan ngudhar panemu politike marang sapa bae. Bisa dadi mangsa kang sarujuk (pro) lan sawektu-wektu, uga bisa dadi mangsa ing barisan kang ora nyengkuyung (kontra).
Apa maneh yen dimangerteni ing negara dhemokrasi, kuwi ana telung cara kang bisa ditindhakake masyarakate kanggo nyengkuyung bebrayan politik. Sepisan, masyarakat bisa tumut ing sajroning arena publik kanggo ngudhar tuntutane kanggo sapa bae kang kepengen ngerti, tuladhane kaya melu ing kagiyatan pepe utawa demo. Kang kapindho, yaiku masyarakat bisa dadi lembaga kang jalari dumadine aturan lan bisa dadi target ngudhar pesen politik kang kepengen dirungokake dening para pangarsane, tuladhane gawe petisi kang bisa dadi cikal bakale Undhang-Undhang. Banjur kang kaping telu masyarakat bisa uga melu kanggo nemtukake sapa bae calon pangarsa kang bakal lungguh ing dhampar keprabon, lewat suara kang kang disumbangake nalikaning pemilu.
Bab nomer telu kang asring ngundhang ramene undheran diskusi ing pasrawugan kalebu ing pasrawungan media. Pancen, urip ing negara kanthi asas dhemokrasi ana bab kang mardikakake kanggo ngudhar panemu apa bae. Nanging, bajur aja dikira bisa ngobral tetembungan luwih-luwih ukara kang tanpa saringane, utamane ing media sosial kang bisa diwaca dening manungsa sajagat. Ancas amung anut grubyuk rame-rame, tanpa dirembug malah bisa ngundhang ontran-ontran, lan pungkasane bisa uga agawe kuciwaning liyan.
Minangka generasi kang duweni rasa katresnan marang mangsa tembe dhiri pribadhi lan bangsa, luwih becik aja seneng ngudhar informasi kang ora trep. Amarga, manungsa ing bebrayan kudune bisa jaga katentreman lan larasing panguripan. Awit, janma kang urip ing jaman milenial wus kaanggep minangka manungsa kang pinter, aja nganti malah sawalikke. Saben tumindhake dianggep paling bener sahingga saben omongan tumiba tanpa saringan. Jalaran, kudu dieling-eling yen nerak paugeran kang ana ing media sosial bakal nampa bebungah paukuman kaya kang diandharake ing UU ITE Nomor 11 Tahun 2008.
Ing jaman kang global, aja nganti kaprigelan kang diduweni para pemudha malah dadi pusaka kanggo bab kang kurang trep lan trapsila. Aja nganti keblinger, amung ngoyak jejering kapentingan kang durung ngerti kepiye labuh labete ing tembe kanggo bangsa lan negara. Yen bisa, panemu kang diudar bisa dadekake mundhaking pamikiran positif generasi kang liyane marang mangsa ngarep negarane dhewe. Gawe panemu- panemu kang diudhar mau minangka pralamabang sejatine dhiri pribadhi kang becik.
Senadyan pancen okih suara kang digadhang saka para milenial, dijaluk para nom-noman uga tetep bisa dadi motor ombaking politik kang sehat lan trep sarta ora jalari reributan. Utamane ing tahun 2019 kang dadi mangsa tahunane pamilihan calon-calon pangarsa dhaerah nganti pangarsaning negara, banget butuhake milenial kang prigel ing media, tanggap mring informasi, kreatif, uga advokatif.
Cara-cara strategis kang bisa ditindhakake milenial kanggo ngisi gebyaring dhemokrasi ing tahun iki, yaiku bisa manfaatake media sosial kang diduweni kanthi bijak. Ngajak para kanca lan kabeh mitra supaya melu milih lan ngregengake pemilihan umum (pemilu) kanthi nyoblos nalikaning tanggal pamilihan utawa ora dadi golongan putih (golput). Bisa uga ngudhar informasi kang positif, adhem, lan becik supaya olih pangarsa kang duweni kualitas ing pamilihan umum kang duweni kualitas uga.
dening Raundoh Tul Jannah
Leave a Reply