Connect with us

Wong Ngerti Kok Ngapusi

Uncategorized

Wong Ngerti Kok Ngapusi

Ing sajroning bebrayan lan milih panguasa mesthi bae ana kelompok kang nyengkuyung lan ora. Panyengkuyung bakal nganggo maneka cara supaya jago bisa olih dhamparing kuwasa, kalebu ngasorake lawan kanthi gawe warta kang ora pener. Kebukti saka pancatete Kementerian Komunikasi dan Informasi (Kemenkominfo) ngandharaken menawa saben wulan ing 2018 tumuju 2019 angka pawarta kang durung bener kasunyatane (hoax) ngenani pemilu 2019 ana 62 warta ing wulan Desember lan bakal mundhak nganti April mangko.

Pawarta hoax utawa warta apus-apus utawa warta rewa bisa dadi salah sijining sanjata kang ampuh kanggo ngrebut peyengkuyung ing sajroning pamilihan panguasa. Kabar kang digodhog lan disuguhake utamane lewat media online ing masyarakat iki, ngemot maneka bab kang bisa jalari masyarakat dadi  bingung, keweden, ribut, gething marang pendukung liya, lan mundhake ilanging rasa kapercayan maneh marang panguwasa sahingga akhire milih dadi golongan putih utawa golput.

Manufer warta rewa kuwi mau, larah-larahe digawe saka maneka kahanan kang dumadi ing bebrayane calon. Wis ngerti yen kuwi bab lan prakara bener utawa luput kasunyatane. Nanging, tetep bakal dioceki supaya dadi warta kang ora kaprah. Ancase supaya masyarakat ora seneng lan ora milih calon mau.

Salah sijine kahanan kuwi kang bisa dianggo kaca benggala yaiku kadadeyan ing sasi Oktober 2018 kapungkur. Saka warta Detik.com, ing wulan kuwi bebrayan Indonesia digegerake karo pawarta ngenani wong wadon kang dianiyaya dening sakelompok pawongan. Warta iki gegeri lan rame nalika ing Twitter, sansaya gedhe nalika ana priyayining kelompok politik benerake pawarta kuwi mau tanpa golek kasunyatan bener lan lupute kadadeyan. Kamangka, wektu  diselidiki larah-larahe dening Polda Metro Jaya, jebul pawarta kuwi ora bener kasunyatane utawa hoax lan amung digawe minangka salah sijining strategi politik.

Kasunyatane pancen nguciwani. Jalaran lupute prakara kuwi kang nindhakake lan nyetir obahing suara ora liya priyantun-priyantun kang duweni pangerten luwih-luwih saka masyarakat biasa. Priyantun kang wis tahu ngrasakake panggula wentah ing pawiyatan luhur. Janma kang wus ngerti lan bisa nimbang, anataraning kahaanan bener utawa luput.

Yen wis kaya mangkana, padha bae ora amung ngrancang apus-apus, ngapusi wong liya, masyarakat, utawa kapercayan, ananging uga ngapusi jati dirining priyanggane dhewe-dhewe. Priyayi ngerti kang malah jaluk lan pengen diapusi amerga kahanan lan dhampar kadudukan. Gunakake apus-apus minangka sanjata politik, kamangka bab kuwi yen disawang kurang trep, ora mathuk menawa kuwi bakal dadi wakiling bebrayan masyarakat.

Kahanan kang kaya mangkene aja nganti diterusake, bisa-bisa malah ngasorake drajating bangsa dhewe. Sebab, politik kang ora sehat kuwi politik ang kora bisa gawe kaedahan utawa estetika, kahanan kang bisa agawe wong lali lan amung jalari umuping deduka uga gegeran. Apa maneh luput lan cilakane yen kang ngandharake mau wong kang duwen pangerten. Pancen, manungsa kuwi ora ana kang sampurna ananging, kudune manungsa kang dianggep linuwih sampurna ing bebrayan utawa masyarakat kanthi regulasi lan pendidikan kang dhuwur malah kadang gampang kapusan karo warta rewa ora bisa dadi papan pratimbang.  Kamangka, sejatine wong ngerti kuwi pesti luwih akih pengalamn anggone nimbang lan milih.

Tegese, wong ngerti pesthi wis ngerti kang ditindhakake mau bener utawa luput. Wis ngerti marang apa kang bakal kadadeyan menawa kuwi ditindakake. Ananging, menawa amerga ora kuat nandhang godhaning ombak dhampar kuwasa,  bisa dadekake ilmu kang wis diguru mentaun-taun mau amung dianggo formalitas walaka. Aja-aja kang digudhak amung nurui hawa lan nepsu. Jalaran, kasunyatane ana prastawa kang kaya mangkono padha ora bisa nyaring antaraning laku lan pikir.

Kahanan iki mau, uga ora uwal saka kuranging budaya bab literasi informasi, budaya maca, lan adaptasi jaman teknologi kang durung rata ing kalangan masyarakat utamaning priyayi wakiling rakyat. Masyarakat ing bebrayan durung bisa adaptasi kanthi cepet lan trep, saka budaya oral utawa lisan ing budaya digital lan teknologi sosial. Kuranging panjunjunging rasa, kayata yen ing budaya Jawa kuwi ana rasa rukun, kurmat, lan guyub ing bebrayan. Awit kang diburu amung ngolihake dhamparing kahanan, tanpa mikirake kepriye jaga karukunan, jaga rasa kurmat marang manungsa liyan, lan regenging bareng-bareng bangun bangsa kamardikan.

Ana unen-unen Jawa kang bisa dadi pangiling-iling utamane kanggo parang para dhampar kuwasa. “Merga sing nandur bakale ngundhuh, dora lara goroh bakal kerogoh, lut-lutane luwe nyamber buntute dhewe“ kang tegese wong sing nandhur winih becik utawa ala bakal ngundhuh asile, manungsa kang dusta bakal sengsara, kang ngapusi bakal kapusan, jalaran kabeh tumindhak kuwi bakal bali marang diri pribadine dhewe-dhewe. Ana uga pangiling “Aja mabuk bandha apa maneh mabuk kuwasa, uripmu bakal rekasa” tegese dadi manungsa aja kedanan marang bandha donya apa maneh dhamparing kuwasa, isa-isa yen carane ora pener kuwi malah bisa dadekake uripe rekasa. Apa maneh pamilihan bakal kaleksanan lan rampung ing Rebo 17 April 2019, ananging dosane bakal kagawa ngant akhiring jaman.

Mula, aja nganti wong kang ngerti nanging kajebak lan ngunjarakake dhiri sajroning teknologi. Luwih apik sadar ing literasi kanthi ngakehi maca, nyaring pawarta kang dianthukake, aja gampang kapilut ing janji lan kuwasa apa maneh nganti dadi tukang sebar bab kang ora bener kaya warta rewa. Merga tugase pangarsa rakyat kuwi kudu bisa dadi patuladhan kabecikan.

Budayawan lan panyerat buku “The President” Kang Sobari ngana nathe ngendika menawa mihak politik kuwi oleh, ananging kanggo kalangan kang duweni pangerten luwih utawa terdidik kudu luwih setiti, ngati-ati ing sedaya bab lamun ta prakara kuwi mau wis diakoni kabenerane. Mikir pindho, aja grusu, lan nimbang milih. Supaya ora gampang kapusan, mangka kerepake anggone disiplin golek kabeneran ing saben pawarta kang diwaca. Aja nganti ana unen-unen, wong ngerti kok ngapusi. Kuwi luput banget  lan ora trep.

 

dening Raundoh Tul Jannah

Click to comment

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

To Top